Jumat, 07 Maret 2014

Copotono gendera gendera kui
Karo baliho-baliho
Spanduk-spanduk lan sak kanca-kancane
Po nek ono gambar2 po tulisan neng tembok
Hapus o nek perlu gambaro sing apek
 kui ki gur ngregeti
 Kui ki ngrusak pemandangan
Lan sak kanca-kancane
Seng berkibar karo kepasang neng kono ki ra ono manfaate
Copoto po bakar sisan
Manfaatno wonge po kelompok e
Nek dinehi duit tomponen
Nek ra dinehi, njaluk o wae
Rasah wedi dosa
Dosane aku sing nanggung
Ning nek gur go foya-foya aku wegah nanggung
Tanggung o dewe
Ning nek go mangani keluargamu
 nyekolahke anakmu/adimu/tonggomu po liyane
Dosa kui aku sing nanggung
Gendera, baliho, spanduk kui
Selama 5 taon kui ra bakal menake kowe po meneh negara
Gur marahi bubrah negarane/ alame/ uwong-uwonge lan sak kanca-kancane
Nanging nek seng berkibar kui genderane warna abang karo putih
Ojo di copot po meneh di bakar
Kui ki go tondo
go tondo nek wong seng genderane abang karo putih kui isih ono
isih merdeka
isih kendel
 lan sak kanca-kancane
nek iso kumbahen sisan genderane
resik i tiange

Tidak ada komentar: