Rene rene tak duduhi
Kae delok o
Le numpak cenanangan
Koyo uwong ra duwe aturan
reti dalan 2 arah kok seng arah walike kok di teteki
dalane kabeh dikebaki
dalane karepe dinggo dewe
kae kae delok
delok kae seng gowo kayu sak meteran
mlaku karo ngobat abitke
delok kae seng arep liwat seko arah sewalike
arep di babitke ndase
ngopo to kae maksute
ben ketok seng berkuasa po piye yo
delok memburi cen akeh tenan
terus nek akeh kui seng menang po
delok o dalane lancar po macet kui
seng mandek neng dalan sewalike dowo banget antriane
ketok ora
nek ora ketok munggah o kene neng pundakku
kelingan nek macet to
opo penyebabpe
wes reti to
nek reti wes meneng wae
rasah ngandani po takon karo aku
ning andanono kanca-kancamu
tonggo-tonggomu
saudara-saudaramu
karo seng do liwat
nek perlu andanono seng duweni gendero-gendero seng digowo kui
andanono penyebabpe
nanging tak weling ojo ngandani koyo seng tok delok kui
wong-wong kui durung reti
wong-wong kui korban
mesakno nek wong-wong kui seng tok salahke
Tidak ada komentar:
Posting Komentar