Rasah maling sing cilik cilik neng pengen aman
Malingo sing gede sisan
Rugi kowe nek cilikan
Bayangke
Mengko nek kowe kecekel maling sing
cilik-cilik
Diantemi sing due kui wes mesti
Urung wong-wong sing weruh
Urung mengko isih di arak neng rt/rw po keamanan
Neng perjalanan mesti yo do ngantemi kowe
Piye rasane nek diantemi uwong akeh
Turut dalan meneh
Yo ra
Opo koe lagi ajar seko sing cilik mengko gede,
gede, lan gede
Koyo pepatah sing jarene “dikit demi sedikit
lama-lama menjadi bukit”
Opo ngono kui
Ketoke yo ora
ki
Salah kui pepatahe
Sing bener ki “dikit demi sedikit lama-lama
menjadi sakit”
Ketoke sing bener ki kui
Yo sory nek aku salah
Bayangno meneh
Kowe cilikan wae kecekel po meneh kowe arep
sing gedean
Wong kowe arep golek sing gede kudu golek
dukungan seko uwong
Nek ra oleh dukungan terus kowe arep oleh sing
gede aman meneh
Yo ra
Meneh “ dikit demi sedikit lama-lama menjadi
sakit”
Na makane ojo ajar seko cilik langsung gede
wae
Turno kudu mikir barang nek arep sing gedean
Ra mung gur modal nekat
Nek gur modal nekat cepet le nyekel kowe
Yo kui ning nek arep mikir tenan ben aman
Kui ra sedino rong dino
Iso tahunan
Turno kowe wong sabaran tho
Sok nek wes oleh sing gede aku diandani carane
Ben aku reti
Penak to nek oleh langsung gede
Iso langsung foya-foya
Tur ojo nyalahke aku lho nek sesok batange
mambu
Batange bakal digoleki wong akeh
Lan mesti kecekel
Wong mambu
Yo ra
Meneh “dikit demi sedikit lama-lama menjadi
sakit”
Mulakno rasah dadi maling
Maling sing apik-apik wae
Contone maling atine sing tok tresnani lan
liya-liyane
Yo ra
Tidak ada komentar:
Posting Komentar